Tresno Waranggono
Wiwit biyen biasa wae, nanging suwe-suwe dadi luar biasa. Iki critane kancaku sak kelas yaiku Bruno karo Sulis. Kelasku iku aneh banget bocahe kayal-kayal akeh sing seneng karo bocah sak kelas. Cah-cah ya pada seneng rame pas pelajaran aturane angel ket pertama melbu sekolah iki. Salah sijine sing seneng karo cah sak kelas yaiku bruno sing pancen tresna sulis ket pertama-pertama sekolah. Nanging bruno meneng-meneng an gak gelem nyedhaki Sulis. Sulis ya ngono, asline cah e ya seneng karo Bruno tapi bisane cuma nyawang gak gelem ngungkapne. Sak iki wes kelas 3 Bruno ora bisa ngene terus Bruno kudu nduduhne ning Sulis yen Bruno iku tresna temen karo Sulis. Pas mulih sekolah Bruno curhat ning aku masalah Sulis,bocahe crita lan takon ning aku kepriye carane dheweke nyedhaki Sulis amarga Bruno bocahe isinan ora bisa biasa, dheweke mendem rasa tresna sing mendalam gak bisa ngungkapno lan Bruno bocahe ya isinan. Pas sekolah Bruno wis wani ngejak Sulis omomg-omongan Sulis, nanging ya isih tanggung durung bisa biasa amarga ya isih pada isin kabeh. Bruno mulai ngejak Sulis maca buku ning perpus, ngejak mangan bareng, ngejak nonton bareng pokok wis mulai biasa cah 2 kui muga ndang dadi ben gak ngene terus. Sulis yo curhat nang aku, jarene dheweke tresna tenanan karo Bruno tapi cahe bingung Bruno tresna Sulis opo ogak. Pungkasana dheweke tak kandhani Bruno iku ya tresna tenanan karo Sulis. Bruno wis seneng wiwit kelas 1 wiwit melbu sekolah. Dadi asline bocah 2 kui wis pada senenge ket ndisek nanging mung bisa mendem rasa tresna mung bisa nyawang nanging ora bisa nyanding.
kui sing dirasakne Bruno karo Sulis.Ing kelasku ya akeh sing cinlok kabeh pada seneng arek sak kelas. Mbuh nyangapa sebabe pokok bocah-bocah seneng produk kelase dewe haha. Sing loro kui pas lagi sayang-sayang e karo bocahe malah kandas wkwk. Dadi kaya wis diwehi harapan tapi dheweke malah medot pas jek teko dalan. Oalah nduk-nduk mbok ya dipikir ndisek tooo. Posoan Bruno lan Sulis gelek metu bareng biasane buka bareng, ngaji bareng, pokok cah 2 kui wis ketok seneng. Aku ya seneng ndelok bocah 2 kuwi wis ketok bahagia, ketok seneng. Riyaya Bruno ya nang omahe Sulis bocahe metuki bapak lan ibuk e Sulis, Bruno sungkem nyuwun pangapura. Haha kaya wis dadi bojone dewe wae. Saking tresnane Bruno ning Sulis, dheweke wis bisa lila demi Sulis pokok sing dipentingake kesenengane Sulis sing nomer 1. Aku salut karo Bruno. Bar riyaya pungkasane Bruno jadian karo Sulis amarga wis pada senenge wiwit biyen. Nanging eling yen kita isih cilik kabeh panggah bisa kedaden, masio saiki sayang bisa wae sesuk wis ora sayang maneh. Kabeh pada ora ngerti sok kedepane kepriye,kita cuma bisa usaha karo menehi sing paling becik gawe pasangane dhewe-dhewe.
Elingo ya cah, aja mikir apa sing wis dilakoni pasanganmu nang awakmu nanging pikirna apa sing kudu kok lakoni nang pasanganmu,wenehono sing terbaik yakina lan sabar nerima. Sing jenenge pertemuan iku mesti enek perpisahan dadi wajar wae lak hubungan iku ujunge bakal perpisahan, seng penting awdewe wes ngekek i seng terbaik gawe pasangane awdwe. Pacaran wes ono 2 ulan, bruno karo sulis panggah harmonis gak enek masalah opo-opo. Tapi saiki wes kelas 3, kudu fokus mikir ke depane ojo penak-penak an kelas 3 mergo sulis pengen melbu snmptn pengen kuliah pengen masa depan e cera. Akhire sulis pengen medot bruno mergo pengen fokus, wong tuane sulis yo ngongkon sulis pengen pedot karo bruno mergo kudu fokus ning pelajaran. Akhire sulis omong nang bruno lak dee pengen pedot mergo pengen fokus sekolah e. Bruno yo kaget pas sayang-sayang e karo sulis malah dee njalok pedot. Loro atine bruno jane wes digandoli yoan tapi sulis gak iso fokus panggahan dee isone fokus Cuma nde sekolah e tok. Karepe bruno, sulis dikon fokus sekolah tapi ojo pedot sulis gak fokus nang bruno gak popo gak diprioritaskan gppo pokok ojo pedot, amarga Bruno pengin menehi sing terbaik pengen ngewangi Sulis iki kabeh demi Sulis. Tapi Sulis panggah ora bisa, amarga pengalamane Sulis pas kelas 3 smp gak pengin dibaleni maneh. Bruno ngelus dada, Bruno tresno tenan karo Sulis lak bisa dienteni nganti lulus amarga saking tresnane. Nanging kepriye neh iki wis keputusane Sulis. Bruno atine loro dheweke tresna tenan karo Sulis, Bruno mung bisa sabar terus ngadepi masalah iki, Bruno ngerti karepe Sulis kui ya becik gawe masa depan e Sulis. Ya iki tresna waranggono, perjalanan cinta seng gak iso saling memiliki mung iso sabar ngadepi. Bruno panggah swabar, bruno panggah ndungo seng terbaik gawe sulis mugo iso sukses. Perjuangane ket kelas 1 asile kyok ngene tapi bruno panggah iso nrimo iki kabeh, seng penting sulis bahagia, iso sukses seng dikarepne. Dongane Bruno mugo ae Bruno yo iso mbalek maneh karo sulis mergo saking tresnane kui tenanan mugo Sulis yo tresno karo bruno, mugo cah 2 kui iso bahagia selawase. Aminnnnnnnn.